Selasa, 28 Januari 2014

Autobiografi: Afwaz Muhamad Afif

Autobiografi


Tepangaken kula Afwaz Muhamad Afif. Ngendikanipun Bapak kula Afwaz menika tegesipun tiyang ingkang paling bahagia utawi sukses, Muhamad menika dipunpundhut saking nama Kanjeng Nabi Muhammad SAW, lajeng Afif menika tegesipun perwira. Mugi kanthi donga saking nama ingkang dipunparingaken tiyang sepuh kula, saged dadosaken kula langkung mulya lan sae gesang wonten ing donya lan akherat samangke. Kula lair wonten ing daeah pesisir laut wonten ing Jawa Tengah inggih menika Kabupaten Cilacap, wonten ing tanggal 15 Maret 1993.

Geguritan

Salam Bektiku

Ra isa ilang seka pikiranku....
Ra isa ilang seka bayang sliramu....
Sukmaku kang terus kepengin gawe bungah ragamu
Kenengapa abot rasa atiku kanggo nglakoni
Kayata nafsu iki ora pengen ucul saka endahing manahmu
Kabeh kang tak lakoni kaya ra ana guna
               

Proposal Kebudayaan

“WAYANG KAMPUNG SEBELAH”
Inovasi Kabudayan wonten ing Jaman Globalisasi

Dening :
Afwaz Muhamad Afif
11205244040

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2014




BAB I
PURWAKA

A.    Dhasaring Panaliten
Menungsa ingkang dipunciptakaken dening Gusti anggadhahi sipat ingkang asli, inggih menika dados makhluk ingkang sosial. Makhluk sosial inggih menika makhluk ingkang boten saged gesang piyambak wonten ing padintenan, temtu mbethaken biyantu saha sosialisasi kaliyan menungsa sanesipun. Saking wujud aslinipun menika, menungsa ngasilaken pinten-pinten saking usaha saking jiwa sarta raganipun. Babagan ingkang dipunasilaken menika saking rasa, karsa saha cipta. Rasa, karsa saha cipta menika ingkang asring dipunsebat budaya wonten ing menungsa. 

Tuladha Pranatacara

PRANATACARA


Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarakatuhu.
Nuwun kawula nuwun,
·         Ingkang minulyeng budi Bapak Prof. Zamzani minangka Dekan FBS,
·   Ingkang mahambeg tama Bapak Dr. Suwardi Endraswara minangka pangarsa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah,
·         Ingkang kinurmatan para bapak ibu ingkang rawuh wonten ing adicara Sarasehan,
·         Saha ingkang kula tresnani para kadang mahasiswa sedaya.

Tuladha Pambagyaharja

PAMBAGYA HARJA


Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarakatuhu.
Nuwun kawula nuwun,
·        ingkang kinurmatan Bapak Dekan Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta,
·         ingkang minulya Bapak Pangarsa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah,
·         para Bapak Ibu dosen ingkang mahambeg tama,
·         lan para kadang mahasiswa ingkang kula tresnani.
Monggo sesarengan kita panjataken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun paring kasarasan, kathah kenikmatan, ridho saha barokahipun dhumateng kula panjenengan sedaya, satemah alhamdulillah wonten ing wekdal menika kula panjenengan sami saged kempal lan nyawiji wonten adicara “Sarasehan” ing Pendhapa Tedjokusumo  Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta kanthi wilujeng rahayu.

Artikel

"Gunung Srandil" Kabupaten Cilacap

Gunung Srandil inggih menika salah satunggaling wisata ngkang mapan wonten ing Kabupaten Cilacap, mliginipun mapan wonten ing Desa Glempang Pasir, kecamatan Adipala. Sampun dangu Gunung Srandil dados salah satunggaling papan wisata ingkang asring katah dipuntuju dening para wisatawan domestik menapa manca kangge mirsani endahing Gunung Srandil. Sanesipun Gunung Srandil ingkang dados endahing wisata, ugi wonten laut wonten ing sisih kidul Gunung Srandil, mila saking menika laut menika dipunwstani laut Srandil.  Wontenipun gunung kaliyan laut ingkang caket wonten ing setunggal wilayah ndadoosaken papan wisata menika mirunggan.

Profil Tokoh

"Bapak Budi Raharja" 
Abdi Dalem Kang Sumeleh

Asmanipun Bapak Budi Raharja saged dipun timbali Pak Budi. Saksampunipun resmi dados abdi dalem Ngayogyakarta Hadiningrat inggih menika dipun angkat dening Sinuhun Dalem Sultan Hamengku Buwono IX asmanipun dados Mas Bekel Hastana Raharja. Miyos wonten Kutho Gede tanggal 31 sasi Desember warsa 1957.  Pak Budi menika dados abdi dalem wonten ing Pasarean Raja-raja Kutho Gede Mataram. Inggih menika langkung mliginipun Kelompok Usaha Bersama Abdi Dalem Juru Kunci Pasarean Kutho Gede Mataram Surakarta - Ngayogyakarta. Gegayutan kaliyan pendidikanipun, Pak Budi namung lulusan Sekolah Dasar tahun 1977. Pak Budi menika kagungan setunggal estri lan setunggal putra lan kalih wayah.