Selasa, 28 Januari 2014

Profil Tokoh

"Bapak Budi Raharja" 
Abdi Dalem Kang Sumeleh

Asmanipun Bapak Budi Raharja saged dipun timbali Pak Budi. Saksampunipun resmi dados abdi dalem Ngayogyakarta Hadiningrat inggih menika dipun angkat dening Sinuhun Dalem Sultan Hamengku Buwono IX asmanipun dados Mas Bekel Hastana Raharja. Miyos wonten Kutho Gede tanggal 31 sasi Desember warsa 1957.  Pak Budi menika dados abdi dalem wonten ing Pasarean Raja-raja Kutho Gede Mataram. Inggih menika langkung mliginipun Kelompok Usaha Bersama Abdi Dalem Juru Kunci Pasarean Kutho Gede Mataram Surakarta - Ngayogyakarta. Gegayutan kaliyan pendidikanipun, Pak Budi namung lulusan Sekolah Dasar tahun 1977. Pak Budi menika kagungan setunggal estri lan setunggal putra lan kalih wayah.
Kersane dados abdi dalem menika sampun saking tahun 1977. Ananging kaangkatipun resmi dados abdi dalem sinuhun Ngayogyakarta Hadiningrat awit tahun 1984. Kirang langkung wonten 60 abdi dalem ingkang ngabdi ing pasarean menika. Lajeng sistematisipun inggih menika gantosan saben dinten inggih menika 6 abdi dalem. Pandamelan saben dinten abdi dalem wonten ing pasarean Kutho Gede Raja Mataram menika nindakaken dhawuhipun dalem sinuhun. Antawisipun ingkang sepisan njagi karesikan, kaendahan saha keamanan wonten pesarean menika. Lajeng sanesipun inggih menika caos kintun donga tahlil saben dinten senen, kemis kalian jum’at.
Dados abdi dalem menika sampun kersanipun pak Budi saking jeroning ati. Pak Budi menika kagungan raos tresna ingkang ageng sanget dhumateng kraton Ngayogyakata Hadiningrat, amargi Ngayogyakarta menika dipun raosaken pak Budi dados negara kalairanipun. Miturut pak Budi dados abdi dalem menika ndadosaken rejeki ingkang dipun paringi Gusti Kang Murbeng Donya. Utawi saged dipun jelasaken bilih dados abdi dalem menika saget marantarani rejekinipun saking Gusti. Raos ngabdi lan urmat dhumateng Kraton Ngayogyakarto saha Sri Sultan Hamengku Buwono kedah pun jagi lan ditancapaken jero wonten ing penggalih lan manah saben abdi dalem.
Boten wonten rasa pamrih wonten ing penggalih pak Budi. Sanadyan gaji ingkang dipun paringi Sinuhun dhumateng abdi dalem menika estunipun mboten saged nyekapi panguripan abdi dalem saha kaluwarganipun, nanging kathah para abdi dalem ingkang seged nyekolahaken putra putrinipun dumugi sarjana. Menika ngabuktekaken menawi menopo ingkang kita usahakaken mboten mesti sami kalian menopo ingkang kita asilaken. Tegesipun kita mboten pareng anggadhahi pamikiran menawi pakarya ingkang kita lampahi mesthi asilipun sami kaliyan pakarya menika, pakarya menika namung prantarane Gusti Kang Maha Kuwaos Maringi rejeki dhumateng kita. Nanging kita kedah tetep nglairaken usaha ingkang ageng dhumateng manah kita, supados Gusti ugi maringi rejeki ingkang ageng dhumateng kita.  
            “Urip kula menika sampun sumeleh, intinipun urip menika kedah ikhlas lan sabar”, menika ngendikanipun pak Budi. Rasa menika ingkang ndamel pak budi tetep semangat lan tetep usaha maksimal nglampahi dados abdi dalem, amargi pak Budi menika Percaya bilih Gusti mesthi bakal maringi rejeki kang hikmah lan barokah.
           
Afwaz Muhamad Afif (11205244040)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar