Rabu, 22 Januari 2014

News


Jumlah Mahasiswa Enggal Angkatan 2013 PBD FBS UNY Mandhap

Wonten ing Univertsitas Negeri Yogyakarta, Fakultas Bahasa dan Seni mliginipun Jurusan Pendidikaan BahasaDaerah(PBD) wonten warsa menika nampi mahasiswa enggal saking 3 jalur, inggih menika Undangan, Seleksi Bersama Masuk Perguruan Tinggi Negeri (SBMPTN)lan Seleksi Mandiri (SM). Boten kados kalih warsa kepengker inggih menika 2011 saha 2012, Jurursan Pendidikan Bahasa Daerah nampi 125 mahasiswa enggal, nangig wonten ing warsa menika Jurusan PBD namung nampi 80 mahasiswa enggal. Owahipun jumlah mahasiswa enggal ingkang dipuntampi wonten Jurusan PBD warsa menika
jelas ngawontenaken kathah tanggapan saha pandangon menapa warsa menika mandhap boten kaodos warsa-warsa sakderengipun. Pamanggih-pamanggih ugi lair saking pinten-pinten tiyang ingkang tanggap dhumateng Jurusan PBD mliginipun para mahasiswa. Salah setunggaling pamanggih menapa Jurusan PBD langkung sakedhik nampi mahasiswa enggal inggih menika amargi Kurikulum 2013 ingkang dipuntetapaken dening pamarintah bilih Basa Jawa wonten ing pawiyatan boten madeg piyambak saha wekdalipun mucal ingkang dipunkirangi. Mila saking kebijakan pemerintah menika mahasiswa langsung anggadhahi pamanggih Jurusan namung nampi 80 mahasiswa enggal .
Nanging sejatosipun sanes menika alasan menapa Jurusan PBD UNY nampi mahasiswa enggal langkung sakedhik. Saksampunipun pados info saking pinten-pinten dosen Jurusan PBD, kasunyatanipun menapa Jurusan nampi mahasiswa enggal namung sakedhik amargi jumlah dosen utawi pengajar boten seimbang kaliyan sedaya mahasiswa ingkang wonten ing Jurusan PBD, saengga wonten ing warsa menika jurusan medalaken kebijakan namung nampi 80 mahasiswa enggal. “Jurusan nampa 80 mahasiswa kui dudu merga imbas seka kurikulum 2013, Nanging perbandingan mahasiswa karo dosene kui ora seimbang”, ngendikanipun Bapak Mulyana salah setunggaling dosen Jurusan PBD. Menawi dipunetang jumlah dosen ing Jurusan PBD wonten 18 tiyang, lan jumlah sedaya mahasiswa woten ing jurusan menika kirang langkung 500 mahasiswa. Mila saking menika jurusan anggadhahi kebijakan bilih wonten ing warsa 2013 jumlah mahasiswa enggal ingkang dipuntampi namung 80 mahasiswa.
Nanging mandhapipun mahasiswa enggal ingkang dipuntampi Jurusan PBD warsa menika boten dadaos perkara ingkang ageng wonte ing jurusan mliginipun lan wonten ing pengembangan Jawa umumipun. Intinipun kabudayan, sastra saha lestantunipun Jawa menika tetep saged dipunjagi dening sedaya mahasiswa saha dosen wonten ing Jurusan PBD mliginipun, saha saking masarakat jawa umumipun.

Afwaz M Afif (11205244040)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar