Selasa, 28 Januari 2014

Geguritan

Salam Bektiku

Ra isa ilang seka pikiranku....
Ra isa ilang seka bayang sliramu....
Sukmaku kang terus kepengin gawe bungah ragamu
Kenengapa abot rasa atiku kanggo nglakoni
Kayata nafsu iki ora pengen ucul saka endahing manahmu
Kabeh kang tak lakoni kaya ra ana guna
               
Pituduhmu, pesenmu, ra isa tak kubur neng sajroning uripku
                Nanging nengapa.....
Kabeh kui gawe abot rasa ambekanku
Sejatine, kui kudu tak lakoni
Merga kui kewajibanku minangka titisanmu
Dhuh biyung kang kinasih....
Ngapurani anak lanangmu iki
Kang durung isa gawe kowe bungah
Durung isa nglairke rasa tentrem
Gawe thukuling kembang wangi ing sajroning atimu
Insun kang terus gawe rasa sedih
Gawe abot rasamu urip
Nanging, aku ora kena kaya ngene terus
Aku kudu maju
Aku kudu isa, merga aku ana
Kanggo kowe biyungku
Trimaa salam bektiku



Bingung

Apa sing kudu tak lakoni....???
Kabeh wis tak tindakke nggo kowe
Aku wis ngupaya akeh mung nggo kabungahan manahmu
Saben dina tak puja sliramu
Saben wayah tak eling-eling terus pasuryanmu
Kabeh kui tak lakoni supaya kowe seneng
Tak tandur katresnan iki jero ning ati
Nanging, kowe balekke kui kabeh karo landheping atimu
Kang ngiris-iris ati iki
Getir pahit rasane bratawali neng raga iki
Gawe nglokro lakune badanku
Nuwuhke sesak seroting ambekanku
Apa sejatine kang ana ing jero manah lan pikirmu kui?
Nengapa kowe tega marang slira iki kang tulus tresna mring awakmu

Aku kudu kepiye...???

Afwaz Muhamad Afif (11205244040)

2 komentar:

  1. urip kang urip

    madeg jejeg nora hoyah
    mlaku maju tan tinuntun
    mikul setali nora kawratan
    cumekel pathok jejere ngiman
    mati nora bakal musna, raga sirna jiwa kawuwua
    sanubari landhep mingis mingis
    lire nora lali merga sukci
    banyuku bening kaweningane atiku
    getihku sukci talining ngaurip
    kiblatku papat sedulurku papat
    lima pancer isun pepancere jagad
    suksma miber ing swarga
    dhiri nepi tapa geni
    uripku urip isun, ya urip sira
    isun datan muksa, nyawa langgeng salamya

    dening: arif widodo

    BalasHapus