Selasa, 28 Januari 2014

Artikel

"Gunung Srandil" Kabupaten Cilacap

Gunung Srandil inggih menika salah satunggaling wisata ngkang mapan wonten ing Kabupaten Cilacap, mliginipun mapan wonten ing Desa Glempang Pasir, kecamatan Adipala. Sampun dangu Gunung Srandil dados salah satunggaling papan wisata ingkang asring katah dipuntuju dening para wisatawan domestik menapa manca kangge mirsani endahing Gunung Srandil. Sanesipun Gunung Srandil ingkang dados endahing wisata, ugi wonten laut wonten ing sisih kidul Gunung Srandil, mila saking menika laut menika dipunwstani laut Srandil.  Wontenipun gunung kaliyan laut ingkang caket wonten ing setunggal wilayah ndadoosaken papan wisata menika mirunggan.

           
Gunung Srandil menika sejatosipun bukit alit ingkang kathah wit-witanipun, saha taksih alami wujudipun. Lokasi Gunung Srandil menika sejatosipun ugi taksih mlebet naungan Tentara Nasional Indonesia Angkatan Darat, ingkang dipunrembaka dening DENSIBANG (Datasemen Seni dan Bangunan). Ananging kangge babagan ngrumat Gunung Srandil menika saking pribadi piyambak-piyambak para warga. Faktor ingkang ndadosaken Gunung Srandil menika kathah dipunkunjungi dening para tiyang-tiyang inggih menika ing Gunung Srandil wonten petilasan-petilasan, salah satunggaling inggih menika makam.
            Makam wonten ing Gunung Srandil dipunpilah kalih titik, inggih menika wonten ing ngandhap saha wonten ing nginggil.
  • Dipunwiwiti saking Eyang Guru, utawi Eyang Sukmo Sejati, utawi Eyang Sukmo Sejati Kunci Sari Dana Sari inggih menika makam sepisanan wonten ing Gunung Srandil.
  • Kaping kalih inggih menika Gusti Agung Sultan Murahidi.
  • Kaping tiga inggih menika Nini Dewi Tunjung Sekar Sari minangka garwa saking  Eyang Semar.
  • Kaping sekawan inggih menika Eyang Semar utawi Kaki Tunggul Sabdo Jati Doyo Amung Rogo. Wonten ing sisih makam Nini Dewi Tunjung Sari.
  • Kaping gangsal petilasan Eyang Juragan Dampu Awang, utawi Sampokong, utawi Sunan Kuning. Inggih menika saudagar saking China ingkang anggadhahi kapitadosan Islam, ingkang rumiyin semedi wonten ing Gunung Srandil.
  • Kaping nem petilasan Eyang Langlang Buana, inggih menika titisan saking Dewa Wisnu ingkang taksih anggadhahi gegayutan kaliyan Kerajaan Pajajaran wonten ing Jawa Barat. Makamipun wonten ing puncak Gunung Srandil.
  • Ingkang kaping pitu inggih menika Mayang Koro utawi Hanoman.
sumber : http://id.wikipedia.org/wiki/Gunung_Srandil

Afwaz Muhamad Afif (11205244040)


              

Tidak ada komentar:

Posting Komentar