Rabu, 22 Januari 2014

News


Bathik Masal Wonten Ing Tugu Yogyakarta

Senen, 30 September 2013 tabuh 10.00 WIB wonten swasana ingkang beda boten kados dinten-dinten biasanipun. Wonten acara bathik masal ingkang dipunlampahi dening siswa-siswi saking SD Bopkri Gandalayu Yogyakarta. Bathik masal menika ngundang para wisatawan utawi sinten kemawon ingkang lewat wonten ing Tugu kangge mriksani keuletan siswa-siswi SD Bopkri ingkang mbathik langung wonten ing ngajeng Tugu.
Kinten-kinten 130 siswa-siswi saking SD Bopkri Gandalayu Yogyakarta ngawontenaken acara mbathik sesarengan wonten ing Tugu Yogyakarta kanthi
sinambung lan bimbingan saking para gurunipun. Siswa-siswi ingkang ndherek mbathik masal inggih menika siswa-siswi saking kelas 5 saha 6. Ingkang unik saha menarik saking kagiatan mbathik menika sanesipun masal, acara mbathik menika kalampahan wonten area sakiwa tengenipun Tugu Yogyakarta. Siswa-siswi tetep asik mbathik lan ulet tanpa wigati wontenipun motor lan mobil ingkang lewat wonten sakiwa tengenipun.
Acara bathik masal menika kalampahan saking tabuh 10.30 dumugi tabuh 11.00 WIB, dipunbikak dening Gusti Yudaningrat minangka Keala Dinas Kebudayaan DIY. Sejatosipun acara bathik masal wonten ing Tugu menika salah setunggaling acara ingkang kalampahan kangge mengeti Dinten Ambal Warsanipun SD Bopkri Gandalayu Yogyakarta menika ingkang kaping 71. Sanesipun acara ingkang kalampahan, inggih menika wonten ing sekolahan SD Bopkri Gandalayu Yogyakarta piyambak wonten ing Jl. Jendral Sudirman No.24, antawisipun pameran lukisan, tumpengan saha kirab. Acara bathik masal wonten ing Tugu menika ugi kalampahan kangge mengeti Ambal Warsa Kota Yogyakarta lan ugi kangge apresiasi Hari Batik Nasional. “Acara ini dilaksanakan juga untuk memperingati Ulang Tahun Kota Yogyakarta dan juga apresiasi Hari Batik Nasional”, ngendikanipun Bapak Herru Panca Nugraha minangka guru pembimbing Kesenian wonten ing SD Bopkri Gandalayu Yogyakarta.
Bathik masal ingkang kalampahan menika anggadhahi pangajeng-ajeng supados masarakat umum saged langkung mangertos temen babagan bathik lan supados bathik menika saged langkung lestantun. “Harapan kami dengan mengadakan acara bathik masal ini supaya masyarakat luas tidak hanya mengerti bathik dengan memakainya, akan tetapi dia harus tahu apakah yang dipakai itu batik atau bukan. Dan juga, agar batik sabagai warisan leluhur ini dapat terus berkembang nantinya”, ngendikanipun Bapak Herru Panca Nugraha.

Afwaz M Afif (11205244040)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar