Rabu, 22 Januari 2014

Wacana Prosedural


Cara Ngrumat Batik

Batik inggih menika salah satunggaling kabudayan asli Indonesia ingkang sampun kawentar wonten ing manca. Batik menika sampun dados ciri khasipun bangsa kita wonten ing pagesangan. Batik ugi anggadhahi babagan ingkang mirunggan anggenipun dipunagem dening tiyang. Amagi batik menika menawi dipunagem saged paring unsur ingkang beda dening tiyang ingkang ngagem. Saged dipunagem wonten ing acara formal utawi nonoformal, ananging tetep dadosaken sinten kemawon ingkang ngagem dados mirunggan. Kadosta saged dipunagem wonten ing papan-papan pawiyatan, pamerintahan, pengajian, acara wonten ing desa, lan sanes-sanesipun.
Sanesipun, batik menika sampun dados
icon saben daerah wonten ing Indonesia. Amargi saben daerah anggadhahi batik khasipun piyambak-piyambak ingkang dados ciri khas daerah menika. Cekakipun, batik saged dados sarana kangge nepangaken kabudayan daerah dhumateng kalangan sosial wonten ing Indonesia utawi mancanegara. Mila saking menika boten salah menawi batik menika dados tilaran kabudayan ingkang luhur saking para sesepuh kita jaman rumiyin.
Majuning jaman dadosaken batik dipunkembangaken dening sinten kemawon, manut variasi saha inivasinpun. Boten mesthi batik menika dados ageman kangge padintenan, ananging batik menika sampun dipuninovasi dados motif barang-barang wonten ing saiwa tengen kita, antawisipun tas, sendal, sarung bantal, sprei, aksesoris-aksesoris, topi, lan snesipun. Supados batik menika tetep sae wujudipun, mliginipun inggih menika babagan batik ingkang wonten ing bahan kain, batik menika kedah dipunrumat kanthi temen. Kathah wonten ing jaman sakmenika tiyang ingkang anggadhahi batik ananging boten mangertos caranipun ngrumat kanthi leres. Amargi babagan menika babagan ingkang wigati kangge lestantunipun batik.
Wonten mriki panyerat badhe caos informasi kadospundi acara ngumat batik ingkang leres, inggih menika:
  1. Wekdal ngumbahipun batik menika langkung prayoginipun ngginaaken bahan khusus ingkang dipunsade wonten ing pasar-pasar.
  2. Bahan kangge ngumbahipun saged ngginakaken sampo rambut. Caranipun sampo menika dipuncampur rumiyin kaliyan toya dumugi nyampur sedaya kangge nyelupaken batik.
  3. Ngumbah batik menika ugi saged ngginakaken lerak. Caranipun lerak menika dipun remes-remes dumugi medal busanipun lajeng dipuntambah toya. Menawi sampun cekap takaranipun lerak siap kangge ngumbah batik. Aroma saking lerak menika saged nyegah kewan-kewan alit ingkang ngrisak batik.
  4. Ampun ngginakaken deterjen wekdal ngumbah batik, lan ampun dipungosok. Menawi batik menika boten kotor sanget, cukup dipunrendem kaliyan toya ingkang anget. Menawi batik menika kotor saged ngginakaken sabun mandi utawi kulit jeruk. Caranipun sabun mandi utawi kulit jeruk dipunusap wonten ing batik ingkang kotor.
  5. Ampun ngginakaken mesin cuci.
  6. Wekadal mepenipun, batik ingkang taksih teles boten kedah dipuperes, lan ampun langsung kenging sinar matahari wekdal mepe. saenipun dipunpepe wonten ing papan ingkang iyub.
  7. Ampun setrika batik langsung. Saenipun menika dipunalsasi kaliyan bahan sanes. Menawi batik menika kusut sanget dipunparingi toya sakedhik lan dipunalasi wekdalipun nyetrika.
  8. Menawi badhe ngginakaken pewangi, ampun disemprot langsung. Tutup rumiyin kaliyan koran lajeng dipunsemprot kaliyan pewangi.
  9. Ampun semprot kain batik langsung kaliyan parfum.
  10. Saenipun wekdal dipunsimpen, batik dipunbungkus plastik supados boten wonten kewan ingkang saged ngrisak batik menika. Lan ampun ngginakaken kapur barus, amargi saged ngrisak kain batik.
  11. Cara sanesipun supados batik boten risak merga kewan-kewan, paringimrica ingkang dipunbungkus tisu dipuncepakaken wonten ing lemari nyimpen batik. Utawi saged kaliyan akar wangi.

Afwaz M Afif (11205244040)




Tidak ada komentar:

Posting Komentar