Rabu, 22 Januari 2014

News


 "MAPALA" Fakultas Kehutanan UGM
Ngawontenaken Sidang Umum  
Wonten Ing Ambarbinangun Bantul

Jum’at dumugi Minggu, 29 - 27 September 2013, Mahasiswa Pencinta Alam utawi MAPALA Fakultas Kehutanan UGM ngawontenaken Sidang Umum kangge pergantian pengurus wonten ing Pondok Pemuda Ambarbinangun, Kasihan, Bantul. 50 mahasiswa tumut wonten ing adicara menika. Adicara dipunadani saking dinten Jum’at enjing (27 Sept) dumugi Minggu sonten (29 Sept). Boten kados warsa-warsa kepengker,
wonten ing warsa menika MAPALA Fakultas Kehutanan UGM ngawontenaken pergantian pengurus wonten ing Pondok Pemuda.
MAPALA Fakultas Kehutanan UGM ngawontenaken adicara ingkang sinambung saking tigang dinten wonten ing Pondok Pemuda Ambarbinangun Bantul. Kagiatan menika kalampahan saking pinten-pinten adicara ingkang dipunadani, kadosta Sidang Umum (pergantian pengurus), Game, Seminar, Outbond lan sanes-sanesipun. Ananging wosing adicara saking pinten-pinten adicara ingkang kalampahan inggih menika Sidang Umum kangge pergantian pengurus periode saklajengipun. “Sidang Umum untuk pergantian pengurus periode berikutnya merupakan acara inti kami di Pondok Pemuda Ambarbinagun ini”, ngendikanipun Ketua Panitia adicara menika.
Pergantian pengurus mesthi dipunadani dening sedaya organisasi pundikemawon, ugi organisasi wonten ing mahasiswa. Pergantian pengurus menika wigati wonten ing organisasi, amargi kangge kaderisasi pengurus ingkang saklajengipun. Ugi kangge paring pengalaman saha pengajaran saking senior dhumateng junioripun, kados pundi anggenipun nglampahi kagiatan organisasi ingkang leres lan mathuk kaliyan adatipun. Babagan menika wigati sanget amargi pengalaman ingkang sakderengipun inggih menika saking senior, dados pelajaran kagem junior supados kepengurusan ingkang saklajengipun saged langkung sae saha sukses. Wonten ugi Sidang Umum, inggih menika sidang ingkang ancasipun ngrembag sedaya babagan ingkang wonten ing kepengurusan organisasi, inggih menika saking undang-undang, dana, rumah tangga lan ugi kangge acara pergantian pengurus kaods ingkang dipunlampahi dening MAPALA Fakultas Kehutanan UGM menika.

Afwaz M Afif (11205244040)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar