"Bapak Budi Raharja"
Abdi Dalem Kang Sumeleh
Asmanipun Bapak Budi Raharja saged
dipun timbali Pak Budi. Saksampunipun resmi dados abdi dalem Ngayogyakarta
Hadiningrat inggih menika dipun angkat dening Sinuhun Dalem Sultan Hamengku
Buwono IX asmanipun dados Mas Bekel Hastana Raharja. Miyos wonten Kutho Gede
tanggal 31 sasi Desember warsa 1957. Pak
Budi menika dados abdi dalem wonten ing Pasarean Raja-raja Kutho Gede Mataram.
Inggih menika langkung mliginipun Kelompok Usaha Bersama Abdi Dalem Juru Kunci Pasarean
Kutho Gede Mataram Surakarta - Ngayogyakarta. Gegayutan kaliyan pendidikanipun,
Pak Budi namung lulusan Sekolah Dasar tahun 1977. Pak Budi menika kagungan
setunggal estri lan setunggal putra lan kalih wayah.