Selasa, 28 Januari 2014

Tuladha Pambagyaharja

PAMBAGYA HARJA


Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarakatuhu.
Nuwun kawula nuwun,
·        ingkang kinurmatan Bapak Dekan Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta,
·         ingkang minulya Bapak Pangarsa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah,
·         para Bapak Ibu dosen ingkang mahambeg tama,
·         lan para kadang mahasiswa ingkang kula tresnani.
Monggo sesarengan kita panjataken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun paring kasarasan, kathah kenikmatan, ridho saha barokahipun dhumateng kula panjenengan sedaya, satemah alhamdulillah wonten ing wekdal menika kula panjenengan sami saged kempal lan nyawiji wonten adicara “Sarasehan” ing Pendhapa Tedjokusumo  Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta kanthi wilujeng rahayu.

Para rawuh ingkang satuhu kinabekten, keparengan kula minangka pangarsa panawung kridha badhe matur wonten ing papan menika.
Ingkang sepisan kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng Bapak Dekan Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta, Bapak Pangarsa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, bapak ibu dosen saha para rawuh sedaya ingkang sampun wonten ing adicara Sarasehan menika.
Ingkang kaping kalih kula ngaturaken kathah maturnuwun dhumateng para rawuh sedaya, ingkang sampun angrawuhi adicara Sarasehan wonten ing ndalu menika ,sampun ndherek urun partisipasi lan sampun paring wekdal kangge adicara menika. Kula ngaturaken maturnuwun ugi, utaminipun kangge para kadang panawung kridha ingkang sampun nyengkuyung adicara menika, taksih kiyat mbiyantu dumugi wekdal sakmenika, satemah adicara Sarasehan saged kalampahan kanthi sae.
Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka sesulih saking panawung kridha badhe ngaturaken agunging pangapunten bilih kula saknaca sedaya anggenipun nyamektakaken papan wonten ing adicara Sarasehan menika kirang trep lan pas wonten ing penggalihipun para rawuh sedaya. Nanging kula sakanca sampun ngupayakaken kanthi maksimal supados adicara Sarasehan menika saged kalampahan kanthi lancar lan boten wonten alangan menapa-menapa. Mila saking menika kita saking panawung kridha sepisan malih ngaturaken agunging pangapunten menawi wonten klenta klintunipun anggenipun nyamektakaken adicara Sarasehan wonten ing ndalu menika.

Menika ingkang saged kula aturaken minangka pangarsa panawung kridha Sarasehan dhumateng para rawuh sedaya, nyuwun agunging ngapunten menawi wonten klenta klintunipun anggenipun kula matur lan jumeneng wonten ing ngajeng panjenengan sami, mugi-mugi adicara menika saged paring manfangat ingkang linuwih dhumateng kula panjenengan sedaya. Maturnuwun.

Wassalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarakatuhu.

Afwaz Muhamad Afif (11205244040)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar