Selasa, 28 Januari 2014

Autobiografi: Afwaz Muhamad Afif

Autobiografi


Tepangaken kula Afwaz Muhamad Afif. Ngendikanipun Bapak kula Afwaz menika tegesipun tiyang ingkang paling bahagia utawi sukses, Muhamad menika dipunpundhut saking nama Kanjeng Nabi Muhammad SAW, lajeng Afif menika tegesipun perwira. Mugi kanthi donga saking nama ingkang dipunparingaken tiyang sepuh kula, saged dadosaken kula langkung mulya lan sae gesang wonten ing donya lan akherat samangke. Kula lair wonten ing daeah pesisir laut wonten ing Jawa Tengah inggih menika Kabupaten Cilacap, wonten ing tanggal 15 Maret 1993.
Wonten ing kulawarga, kula paling nem saking sedherek-sedherek kula. Mbak kula sampun gegarwa kaliyan tiyang Sumatra, kangmas kula sampun wisuda saking Universitas Muhamadiyah Yogyakarta. Kula ragil saking tiga sedherek. Mbakyusaha kangmas kula ingkang tansah ngemong kula sanesipun Bapak kaliyan Ibu.
Kula sakmenika taksih kulaih wonten ing salah satunggaling Universitas favorit wonten ing Yogyakarta, inggih menika Universitas Negeri Yogyakarta. Menawi jurusanipun kula mendhet jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, jurusan ingkang tansah ngrembaka babagan kabudayan wonten ing Jawa, mugi kanthi mlebet wonten ing Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah menika lan nguri-uri kabudayan Jawa kula saged langkung mulya gesangipun.Amiin. 
Saking alit kula remen playon, dolanan, lan sanes-sanesipun ingkang ancasipun medal wonten ing alam. Menika dadosaken kula anggadhahi hobby kadosta petualang, bal-balan. sanesipun inggih menika kula remen nembang, amargi bakat ingkamng turunan saking Bapak ingkang salah satunggaling remen musik. riwayat pendidikan kula kula lampahi kathah medal saking griya. SD kula wonten ing caket griya kla inggih menika SD Kalisabuk 02 saking taun 1999-2005. Lajeng sasampunipun kula lulus saking SD kula meranto sekolah wonten ing Kabupaten Banyumas, asrama, gesang padintenan boten sareng kaliyan bapak ibu. SMP dumugi SMA kula lampahi pisah saking griya. MTs wonten ing -MTs Wathoniyah Islamiyah Kebarongan saking taun 2005-2008, lajeng MA wonten ing Yayasan ingkang sami ugi inggih menika MAWathoniyah Islamiyah Kebarongan saking taun 2008-2011. Pisahipun kula kaliyan tiayng sepuh saha kulawarga wonten ing griya dadosaken kula langkung mandiri lan angsal pengalaman ingkang ageng babagan gesang. 
Sakmenika kula kulaih wonten ing UNY, kos wonten ing Cepit, CondongCatur, Depok, Sleman, Yogyakarta. 
Sugeng pitepangan kaliyan kula, lare saking pesisir kidul, Cilacap.

Afwaz Muhamad Afif (11205244040)


2 komentar: