Selasa, 28 Januari 2014

Tuladha Pranatacara

PRANATACARA


Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarakatuhu.
Nuwun kawula nuwun,
·         Ingkang minulyeng budi Bapak Prof. Zamzani minangka Dekan FBS,
·   Ingkang mahambeg tama Bapak Dr. Suwardi Endraswara minangka pangarsa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah,
·         Ingkang kinurmatan para bapak ibu ingkang rawuh wonten ing adicara Sarasehan,
·         Saha ingkang kula tresnani para kadang mahasiswa sedaya.

Ingkang sepisan mangga sesarengan kula panjenengan sami manjataken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring kasarasan, karaharjan saha kenikmatanipun, satemah kula panjenengan sami saged nyawiji wonten ing Pendhapa Tedjakusuma wonten ing adicara Sarasehan kanthi wilujeng rahayu.

Bapak ibu saha kadang mahasiswa ingkang kinurmatan, keparenga kula minangka pranata adicara badhe ngandharaken reroncening adicara ingkang badhe kalampahan wonten ing dalu menika:

1.    Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka
2.    Adicara ingkang kaping kalih inggih menika pambagyaharja saking pangarsa panawung kridha
3.    Adicara angka tiga wosing adicara, inggih menika sarasehan ngrembag babagan ngrumat bathik
4.    Adicara kaping sekawan inggih menika sarwa sarwi
5.    Adicara pungkasan inggih menika panutup
Ngancik wonten ing adicara sepisan inggih menika pambuka, mangga sesarengan kita bikak adicara wonten ing ndalu menika kanthi maos basmalah sesarengan.


Afwaz Muhamad Afif (11205244040)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar