Rabu, 22 Januari 2014

News Feature


“Pondok Pemuda Ambarbinangun” 
Papan Kangge Kegiatan ingkang Unik 

Jogja minangka kota sewu Budaya ingkang tersohor wonten ing Indonesia anggadhahi pinten-pinten papan mliginipun papan pariwisata ingkang saged ndamel betah lan tresna sinten mawon ingkang rawuh ing Jogja. Jogja kota ingkang anggadhahi Kraton lan Raja minangka sistem pemerintahanipun nambah kekhasan Kota Jogja wonten ing Jawa. Kathah papan-papan ingkang khas wonten ing Jogjakarta, ingkang boten wonten ing kota-kota sanesipun. Kadosta Kraton menika piyambak, wisata alam Gunung Merapi, laut ingkang taksih alami lan endah, Malioboro, desa wisata, desa kerajian lan sanesipun. Kathah ingkang nyebataken bilih Jogjakarta menika papan ingkang unik, amargi
Jogjakarta menika salah setunggaling wilayah ingkang sampun kecampur kaliyan medornisasi, sampun nyawiji kaliyan globalisasi manut lakuning jaman, nanging taksih kebungkus kaliyan kabudayan ingkang kenthel sanget saking sistem pemerintahan Sri Sultan ingkang tetep netepaken kabudayan wonten ing padintenan masarakat Jogja. Saengga wonten ing saklebeting Jogja menika iklim kabudayan saha sastra jelas dipunraosaken.
Kathahing papan ingkang sae lan ndamelaken seneng ndadosaken para turis domestik lan mancanegara rawuh wonten ing Jogjakarta. Mila saking kathahing pengunjung, ndadosaken kathahing papan-papan kangge nyipeng wonten ing Jogja. Sejatosipun boten namung turis ingkang mbetahaken papan kangge nyipeng mliginipun ingkang nglampahi kegiatan. Para siswa SMP, SMA lan mahasiswa ugi kathah ingkang nglampahi kegiatan, ingkang mbetahaken papan kanggge nyipeng. Wonten pinten-pinten papan ing Jogja kangge kabetahan para mudha ingkang taksih nglampahi pawiyatan mliginupun, inggih menika kadosta wonten ing Kaliurang, Bantul, Gunung Kidul lan kathah sanesipun. Papan-papan menika kathah jinisipun saking wilayah, regi, lingkungan, manut wonten pundi lan sinten ingkang anggdhahi papan kangge nyipeng lan kegiatan menika. Wonten salah setunggaling papan ingkang unik, ingkang asring kangge kegiatan mahasiswa lan siswa SMA, SMP ingkang mapan wonten ing Bantul inggih menika Pondok Pemuda Ambarbinangun.
PondokPemuda Ambarbinangun menika mapan wonten ing Ambarbinangun, Tirtonirmolo, Kasihan, Bantul. Pondok Pemuda Ambarbinangun sejatosipun bekas pesanggrahan kagunganipun Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat arupi taman kerajaan ingkang eksklusif, inggih menika pesanggrahan ingkang khusus boten kangge umum. Pesanggrahan menika dipunbangun wonten ing wekdal pemerintahan Sri Sultan Hamengku Buwana VI dening pengusaha tiyang Walanda ingkang kagungan daleming Bintaran inggih menika Wenschang. Miturut huruf Jawi kina wonten ing prasasti I, pesanggrahan menika rampung warsa 1784 Jawa utawi 1855 masehi. Wonten ing awal wekdal pemerintahan Sri Sultan Hamengku Buwana IX, pesanggrahan ambar binagun taksih dipunginakaken kangge papan pesiar/ rekreasi dugi wekdal penjajahan Jepang.
Saksampunipun kamardikan, pesanggrahan menika dipunginakaken kangge Kantor Pemerintahan Kabupaten Bantul (1949-1952), kantor Kapanewon Kasihan (1952-1964) lanasrama LKPS (Latihan Kemiliteran Pegawai Sipil).
Sakmenika komplek Pesanggrahan Ambarbinangun dipunginakaken kangge kantor Lembaga Cabang Pendidikan Kader Pramuka (Lemcadika) Wiradarma, GrahaSatriaBangsa Yogyakarta (Tae Kwon Do Center) lan Gedung Pondok Pemuda Ambarbinangun. Dipunbangun menika sebabipun menapa Pondok Pemuda Ambarbinangun dipunwastani unik lan beda kaliyan sanesipun. Kekhasan sanesipun inggih menika wujud lan bentuk saking bangunan ingkang taksih bernuansa Keraton. Nuansa klasik ingkang wonten ing Pondok Pemuda Ambarbinagun tetep wonten dugi wekdal sakmenika, kamangka majuning jaman menika kathah bangunan-bangunan ingkang modern.
Pondok Pemuda Ambarbinangun menika asring kangge kegiatan-kegiatan ingkang gayutipun kaliyan pengembangan kapribaden, nglatih mental, kadisiplinan, lansanes-sanesipun. Tuladhanipun inggih menikaka dosta acara Malam Keakraban lan ugi karantina Paskibra. Wonten kirang langkung 9 bangunan ing Pondok Pemuda Ambarbinangun, inggih menika kantor, sekretariat, aula nginggil, aula ngandhap, lan papan kangge nyipeng menika lan wonten bekas keputren ingkang takasih wonten ing halaman wingking. Nama-nama saking bangunan ingkang wonten ing balai pemuda menika ugi unik, antawisipun NdalemAgeng, BangsalTirta Sari, Nusa, Bangsa, Bahasa lan Budaya. Dados, menawi dipunpriksani saking wujud bangunan lan nama-namanipun bangunan ingkang wonten, Pondok Pemuda Ambarbinangun menika taksih kenthel sanget kaliyan bab budaya lan nasionalisme. Amargi wangsul malih saking sejarah wontenipun Pondok Pemuda Ambarbinangun menika, ingkang saged dipuntingali kaliyan wekdal kapan bangunanipun dipundamel.Inggih menika taksih wonten wekdal perjuangan saha kabudayan.
Saking kathahing papan kangge nyipen mliginipun kangge kegiatan wontening Jogja, Pondok Pemuda Ambarbinangun menika saged dipunsebat papan ingkang wingit utawi sacral miturut cariyosipun masarakat sakiwatengen lingkungan Pondok Pemuda Ambarbinangun. Wonten ing pondok menika kita kedah njagi sedaya atur lan tindak tanduk wekdal nglampahi kegiatan. Amargi saged dipuntingali saking sejarah bangunan pondok menika lan asal usulipun riyin dipunbangun. Manut pamanggih sedaya masarakat Jogja mliginipun, sadaya babagan ingkang kagunganing Sri Sultan menika kedah dipunjagi kanthi temen lan dipunlestantunaken, salah setunggaling inggih menika Pondok Pemuda Ambarbinangun piyambak.
Sanesipun nyariosaken saking wujud bangunan Pondok Pemuda Ambarbinangun menika, babagan masarakat ingkang wonten ing sakiwa tengen pondok menika ugi ramah, gampil nyawiji kaliyan sinten kemwon ingkang nglampahi acara wontening Pondok Pemuda Ambarbinangun. Amargi adatipun ingakang nglampahi acara wonten ing pondok menika mesthi anggadhahi acara ingkang medal wonten ing lingkungan masarakat. Ingkang saged ndamel tentremipun swasana inggih menika masarakat sekitar gampil nyawiji, amargi sampun biasa kaliyan kegiatan ingkang dipunadani lan sinten kemawon ingkang wonten ing Pondok Pemuda Ambarbinagun. Dipuntingali menapa masarakat menika langkung sae lan ramah, saged dipendhet perkiraan bilih masarakat setempat menika taksih terbiasa kaliyan adat unggah ungguh, ngajeni lan raos tresna ingkang ageng dhumateng Sri Sultan, ingkang sejatosipun Pondok Pemuda Ambarbinangun menika minangka warisan saking Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat.
Minangka bangunan warisaning Sri Sultan masrakat Ambarbinangun mliginipun kedah njagi lann glestantunaken bangunan pondok menika supados tetep saged wonten ing majuning jaman lan globalisasi. Pondok Pemuda Ambarbinangun menika saged dipunwastani situs peninggalan ingkang wontening Jogjakarta. Mila saking menika manut lakuning jaman saha manut fungsi saking Pondok Pemuda Ambarbinangun sedaya ingkang berkecimpung wonten ing pondok menika kedah saestu njagi lan mangertos kanthi temen bilih pondok menika inggih menika bangunan ingkang ngemu sejarah kathah lan dados saksi bisu sejarah Jogjakarta menika piyambak. Sejatosipun sedaya ingkang wonten ing Pondok Pemuda Ambarbinangun, inggih menika ingkang makarya wonten kantoripun, penjaga bangunan, ingkang nyipeng utawi ngadani kegiatan wonten pondok, lan sanesipun kedah anggadhahi raos syukur lan bangga amargi sampun ndherek nglestantunaken, njagi lan ndadosaken pondok menika langkung diakoni wonten ing masarakat luas saha Ngarsa Dalem.
Amargi menawi dipunpenggalih langkung tebih kabudayan lan peninggalan sejarah inggih menika kekayaan Negara ingkang boten winates reginipun menawi dipuntingali saking unsure ekstrinsik lan intinsikipun. Mila saking menika sejatosipun boten naming unik saking wujud bangunan lan sejarah ingkang sampun kaandharaken wonten ing nginggil menika, nanging unik ugi saking kados pundi cara kita njagi lan nglestantunaken warisan budaya ingkang adiluhung wonten ing papan Jogjakarta. Inggih menika cara kita tetep paring perhatian dhumateng peninggalan bersejarah kanthi ngginakaken lan eling kaliyan kabudayan ingkang sampun dangu wekdalipun madeg. Pondok Pemuda Ambarbinangun menika kedah tetep lestantun, boten peduli jaman ingkang sampun langkung risak lan maju campur bawur kaliyan era Globalisasi ingkang boten saged dipuncegah kahananipun.

Afwaz M Afif (11205244040)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar