Selasa, 28 Januari 2014

Feature Bali

“Ron Lontar”
Papan Sinerat Ingkang Mirunggan

            Kathahing masarakat Indonesia kaliayan kabudayan lan adatipun cetha sampun diakui dening Internasional lan dados warisaning budaya ingkang luhur ingkang kedah dipunjagi. Awit saking daerah kilen inggih menika Sumatra dumugi daerah wetan Papua anggadhahi kabudayan ingkang inggil wosipun kagem masarakat. Sedaya kabudayan ingkang wonten ing Indonesia sampun ngangkat harkat lan martabat Bangsa Indonesi minangka Bangsa ingkang multicultural. Langkung-langkung kadosta suku ingkang sampun kawentar wonten ing dunia inggih menika Jawa lan Bali. Kathahing budaya lan adat ingkang wonten ing Jawa lan Bali sampun dipunmangertosi dening negari-negari Internasional, kadosta musik, tari, upacara adat, papan wiasata, alam, lan sanes-sanesipun. Sedaya kabudayan ingkang wonten jelas anggadhahi nilai luhur ingkang inggil menawi dipuntingali saking segi sosial, individu lan ketuhanan.
Wontenipun kagesangan ingkang kabungkus kaliyan kabudayan lan adat ingkang luhur wonten ing Indonesia, saged ngundang para turis saking luar negri kangge mriksani, ngudi, lan nyawiji langsung kaliyan kabudayan ingkang wonten. Langkung-langkung ingkang sampun kawentar wonten ing kancah Internasional inggih menika Bali. Bali inggih menika daerah ingkang kompleks kaliyan fungsi kagesangan lan kabudayan ingkang sampun nyawiji. Wiwit saking adat budaya, agama, ras, seni, alam lan sosial. Sedaya mirungganing daerah Bali menika langkung kawentar wonten ing nagari-nagari sanes dumugi sakmenika. Kanthi wontenipun turis ingkang wisata wonten ing bali, ndadosaken bali langkung kathah pemasukanipun saking segi pariwisata ingkang saklajengipun dipunginakaken kangge kemakmuraning masarakat lan pemerintah setempat.
            Kabudayan wonten ing Bali menika anggadhahi nilai ingkang inggil saking segi sosial. Kadosta tari-tarian, karawitan lan upacara adat. Nanging boten namung babagan menika ingkang mirunggan wonten ing Bali, sanesipun inggih menika asiling karya saking masarakat bali ugi ingkang ndadosaken Bali langkung kawentar. Asiling karya menika antawisipun, patung, bangunan ingkang khas Bali, seni sinerat, lukis, lan sanes-sanesipun. Menawi kadosta patung lan segi bangunan menika temtunipun babagan ingkang biasa dipuntemokakaen wonten ing papan lan daerah sanes. Ananging wonten adat ingkang mirunggan wonten ing Bali, inggih menika saking segi seni sinerat lan ugi seni gambar utawi lukis. Ingkang unik saking segi sinerat lan lukis wonten ing bali menika wonten ingkang ngginakaken ron lontar minangka papan kagem sinerat lan gambaripun. Ananging boten sedaya saking segi sinerat lan gambar menika ngginakaken bahan godhong lontar. Ingkang sinerat ngagem ron lontar menika saking serat-serat kuna Bali ingkang ngginakaken aksara Bali sejatosipun kedah dipunjagi lan sampun badhe ilang. Lan ugi wonten pinten-pinten masarakat Bali ngginakaken ron lontar minangka bahan gambaripun.
            Boten saged dipuntingali sepele seni ingakang wonten ing Bali, langkung-langkung seni sinerat. Pangajeng-ngajeng masarakat Bali menika tetep njagi lan nglestantunaken budaya lan adat wonten ing majuning jaman. Budaya tegesipun warisan nenek moyang menika kedah tetep wonten dumugi canggah wareng ingkang saklajengipun saged dipunginakeken kagem piwulang. Mila saking menika  masarakat bali anggadhahi cara ingkang unik supados piwulang ingkang sinerat saking jaman rumiyin, mliginipun seratan ingkang ngginakaken aksara Bali. Seratan aksara ingkang wonten ing Bali temtu ngemu piwulang ingkang inggil lan luhur nilainipun. Mila, tiyang bali gadhah pangajeng ajeng supados piwulang menika tetep dipunginakaken dening anak putunipun, kanthi ningali seratan aksara Bali ingkang wonten. Seratan wonten ing ron lontar menika saged dipuntingali wonten museum-museum  kadosta Museum Kirtya, wonten kantor Dinas Kebudayaan, lan Universitas-universitas kadosta UDAYANA.
             Sanesipun saking segi seni sinerat lontar menika ugi biasa dipunginakaken dening masarakat Bali kagem nggambar. Gambar ingkang dipunasilaken kadosta gambar para dewa, gambar pulau Bali, lukisan alam lan kathah sanesipun. Sami kaliyan seni sinerat, ingkang dipunacas menapa ngginakaken ron lontar amargi supados yuswa lukisan menika langkung awet boten termakan jaman. Seni lukis ingkang wonten ing masarakat bali menika sampun kawentar dumugi mancanegara, mila saking menika bahan kagem lukisan menika ugi kedah langkung awet, unik lan sae kangge angsal kasil ingkang maksimal.
            Sampun kaandharaken wonten nginggil pinten-pinten ginanipun lontar wonten ing masarakat Bali. Lontar menika  dipunginakaken amargi paedah saking ronipun ingkang ageng sanget kagem saklajengipun. Godhong lontar ingkang dipunginakaken menika saged langkung awet tinimbang kertas. Miturut para tiyang Bali ingkang sampun lami ngginakaken ron lontar, ron lontar menika saged awet dumugi atusan taun yuswanipun. Menawi kertas menika saged risak amargi rayap utawi kewan ingkang ngrokoti, ananging menawi ron lontar menika saged langkung tahan lami saking rayap utawi sanesipun. Ananging tetep kaliyan perawatan ingkang rutin kagem njagi resikipun lan endahe lontar mneika kadosta ron lontar ingkang dipunginakaken wonten ing seratan aksara. Sanesipun dipuntingali saking segi awetipun godhong lontar ingkang dipunginakaken kagem nyerat aksara lan gambar, menawi dipuntingali saking segi estetikanipun lontar menika kadosta maringi roh dhumateng seratan utawi gambar ingkang dipunasilaken wonten ing saknginggile ron lontar menika. Tegesipun menawi menapa kemawon wujud ingkang wonten ing saknginggile ron lontar menika kados seratan aksara utawi lukisan,  saged katingal langkung endah, mirunggan lan boten biasa. Beda antawisipun menawi seratan lan lukisan menika ngginakaken kertas biasa. Rasa mirunggan lan endah ingkang dipuntingali kirang inggil rasanipun. Amargi wangsul malih dhumateng pikiran tiyang kathah menawi sampun biasa anggenipun nyerat wonten ing kertas, anaging menawi nyerat wonten ing papan ingkang boten biasa lan langkung endah menika saged dipunrasa langkung sae lan beda. Nyerat wonten ing ron lontar menika ugi ingkang damel para turis domestik lan manca saged tertarik lan apresiasi dhumateng adat wonten ing Bali.
            Supados saged nyerat lan nggambar wonten ing ron lontar wonten pinten-pinten proses ingkang kedah dipunlampahi saking ron lontar menika awit saking ron dipunpendhet saking witipun. Antawisipun inggih menika:
  1. Ron lontar menika dipunkethok miturut ukuran ingkang dipunbetahaken.
  2. Lajeng ron lontar dipunpepe.
  3.  Ron lontar ingkang dipunpepe menika dipunresiki.
  4. Saksampunipun dipunresiki ron lontar dipungodhog.
  5. Lajeng ron lontar dipunpepe malih.
  6. Saksampunipun dipunpepe malih ron lontar dipunpres supados ngasilaken bidang papan ron lontar ingkang rata.
  7. Lajeng dipunrapihaken lan ratakaken sisih kiwa tengenipun.
  8.  Lajeng dipunalusaken bidang sisih kiwa tengen kala wau.
  9. Ron lontar lajeng dipunparingi bolongan supados saged dipuntata.
  10. Lontar lajeng dipunparingi garis miturut garis ingkang dipunbetahaken.
  11. Ron lontar menika sampun siap kangge dipunserat kaliyan piranti ingkang dipunginakaken.
  12. Lontar ingkang dipunasilaken siap dipunwaos.


           
Kangge angsal asil ingkang maksimal ron lontar menika kedah nglampahi proses ingkang sampun kaandharaken wonten ing nginggil menika, supados ron lontar ingkang dipunginakaken menika saged awet lan langkung lami yuswanipun. Seratan wonten ing ron lontar menika sadeg mratelakaken bilih adat lan kabudayan saking masarakat Bali langkung mirunggan lan sae, beda saking daerah lan papan-papan sanesipun. Ugi saged nambah endahing karya jinis seratan ingkang wonten ing kagesangan masarakat setempat. Pangajeng-ngajengipun kanthi aweting godhong lontar ingkang dipunginakaken, ugi saged dadosaken aweting piwulang lan seni ingkang terus lestantun wonten ing kagesangan. Seratan wonten ing ron lontar menika boten namung kangge pajangan ananging kagem generasi saklajengipun supados saged ngawruh lan ngudi dhumateng seratan lan wosipun ingkang wonten ing lontar menika. 

Afwaz Muhamad Afif (11205244040)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar