“WAYANG
KAMPUNG SEBELAH”
Inovasi Kabudayan wonten
ing Jaman Globalisasi
Dening :
Afwaz Muhamad Afif
11205244040
PROGRAM STUDI
PENDIDIKAN BAHASA JAWA
FAKULTAS BAHASA DAN
SENI
UNIVERSITAS NEGERI
YOGYAKARTA
2014
BAB I
PURWAKA
A.
Dhasaring Panaliten
Menungsa
ingkang dipunciptakaken dening Gusti anggadhahi sipat ingkang asli, inggih
menika dados makhluk ingkang sosial. Makhluk sosial inggih menika makhluk
ingkang boten saged gesang piyambak wonten ing padintenan, temtu mbethaken
biyantu saha sosialisasi kaliyan menungsa sanesipun. Saking wujud aslinipun
menika, menungsa ngasilaken pinten-pinten saking usaha saking jiwa sarta
raganipun. Babagan ingkang dipunasilaken menika saking rasa, karsa saha cipta.
Rasa, karsa saha cipta menika ingkang asring dipunsebat budaya wonten ing
menungsa.
Budaya
utawa kabudayan ingkang sampun nyawiji wonten ing kagesangan menungsa menika
kedah dipunjagi saha dipunrembaka dening menungsa menika piyambak. Wujudipun
budaya menungsa menika saged arupi unsur ingkang konkrit utawi abstrak. Konkrit
kadosta menapa ingkang saged dipuntingali sarta dipunraosaken langsung dening
pancaindra menungsa. Wujudipun abstrak kadosta kapitadosan ingkang wonten ing
padintenan sosial.
Wonten
ing Indonesia kathah kabudayan-kabudayan ingkang dipunasilaken dening sosial
ingkang anggadhahi piwulang saha esensi inggil. Piwulang menika saged
dipundadosaken wosing gesang saha cerminan
saking masarakat setempat. Kathah kabudayan sakig pinten-pinten daerah, kadosta
wonten ing daerah Sumatra, Papua saha Jawa. Kabudayan saking saben daerah
menika anggadhahi werni saha karakteristikipun piyambak-piyamabak, manut saking
sosial ingkang wonten. Kadosta wonten ing Jawa, kabudayan ingkang dipunasilaken
dening masarakatipun sampun kawentar dumugi manca. Kathahing kabudayan wonten
ing Jawa menika dadosaken masarakat ingkang wonten ing Jawa tansah
nggulawenthah babagan sastra, senia saha endahing gesang. Sengga gesangipun
tansah wonten ing lingkup sipat budi
luhur.
Kabudayan-kabudayan
wonten ing Jawa kathah jinisipun, wiwit saking tari-tarian, adat masarakat, upacara
tradisi saha wayang utawi babagan pedahalangan. Sedaya kabudayan menika
anggadhahi piwulang luhur ingkang boten
pareng dipuntilar dening tiyang Jawa menika piyambak. Salah satunggaling
kabudayan ingkang kawentar inggih menika babagan pewayangan. Wayang ingkang
dipunlestantunaken dening masarakat Jawa dumugi sakmenika taksih saged eksis wonten ing majenging jaman ingkang
sampun nyawiji kaliyan unsur globalisasi. Sejatosipun wayang menika anggadhahi
pathet utawi patthokan ingkang mligi wekdal dipunlakokaken dening dhalang
wonten ing jagad pakeliran. Manut majuning jaman ingkang sampun nyawiji kaliyan
modernisasi, wayang menika sakedhik
ingkang seneng, utawi penikmatipun
menika kathah namung tiyang-tiyang sepuh wonten ing kagesangan. Mila saking
menika wonten jaman sakmenika kathah saking para penggarap wayang ingkang
ndadosaken wayang supados wayang menika saged tansah dados tontonan saha
tuntunan ingkang leres. Salah satunggaling inggih menika sakelompok tiyang
penggarap wayang inggih menika “Wayang Kampung Sebelah”.
Wonten
ing panaliten menika payerat milih neliti saking paguyuban “Wayang Kampung
Sebelah”, amargi saged dipuntingali bilih wayang saking gaya paguyuban menika
ingkang saweg “in” utawi ngetrand wonten ing kalangan masarakat kathah
mliginipun babagan pewayangan. Wonten ing panaliten menika langkung
dipunfokusaken dhumaten ggaya utawi wujud saking wayangipun menika piyambak,
sanes saking pguyubanipun.
B. Fokus
Panaliten
Wonten
ing panaliten menika ingkang dipunrembag langkung babagan saking wayang ingkang
wonten ing “Wayang Kampung Sebelah”. Wayang menika dipunrembag saking
pinten-pinten unsur, kadosta wujudipun, cariyosipun saha sebabipun wayang
menika saged wonten ing masarakat. Fokus menika dipuntingali saking fenomena sosial ingkang wekdal sakmenika
kathah tiyang wonten ing pagesangan mliginipun wonten ing Jawa, seneng kaliyan
budaya-budaya ingkang sampun dipuninovasi saha dipunbumbui kaliyan unsur-unsur
sanes. Unsur-unsur menika limrahipun ingkang masarakat kathah saged nampi, saha
penyaji menika saged nyawijikaken kaliyan budaya ingkang wonten.
C. Wosing
Perkawis
Wonten
pinten-pinten wosing perkawis ing panaliten menika, antawisipun:
1. Kenging
menapa “Wayang Kampung Sebelah” saged wonten ing masarakat?
2. Kadospundi
wujudipun “Wayang Kampung Sebelah”?
3. Kadospundi
cariyosipun wayang wonten ing “Wayang Kampung Sebelah”?
D. Ancasing
Panaliten
Ancasing
panaliten wonten ing pirembagan menika antawisipun :
1. Mangertos
sebabipun “Wayang Kampung Sebelah” saged wonten ing masarakat.
2. Mangertos
kadospundi wujudipun wayang saking “Wayang Kampung Sebelah”
3. Mangertos
kadospundi cariyosing wayang wonten ing “Wayang Kampung Sebelah”
E. Paedahing
Panaliten
Paedahing
panaliten menika antawisipun :
1. Supados
pamaos saged mangertos kenging menapa “Wayang Kampung Sebelah” saged wonten ing
masarakat.
2. Supados
pamaos saged mangertos mangertos kadospundi wujudipun wayang saking “Wayang
Kampung Sebelah”
3. Supados
pamaos saged mangertos mangertos kadospundi cariyosing wayang wonten ing
“Wayang Kampung Sebelah”
BAB II
GEGARAN TEORI
A.
Budaya
Budaya
ingkang sampun nyawiji kaliyan menungsa wonten ing padintenan kathah anggadhahi
daya tarik ingkang saged dadosaken menungsa menika luhur saha ngakal. Amargi
dipuntingali saking wujud aslinipun saking tembung budaya menika piyambak. Miturut
Koentjaraningrat (2009: 146), tembung ‘budaya’ kapethik saking basa sansekerta
imggih menika ‘buddayah’, wujud jamak saking ‘buddhi’ ingkang ateges ‘budi’
utawi ‘akal’. Mila saking menika sinten kemawon ingkang ngudi budaya wonten ing
pagesangan padintenan bakal dados tiyang ngakal saha anggadahi budi.
Saking
wujuding kabudayan menika saged ngasilaken pinten-pinten paedah babagan ingkang
gayut kaliyan menungsa menika piyambak. Sejatosipun kabudayan menika wonten ing
salebeting dhiri menungsa. Kabudayan menika kasil saking menungsa awujud solah
bawa utawi tindak tanduk. Sedaya solah bawa utawi tindak tanduk menika
dipuntata kanthi sae saha endah, saengga saged nemahi katentreman wonten ing
gesang. Menawi kabudayan menika boten dipuntata, kabudayan ingkang wonten boten
bakal dados luhur, malah kepara saged dados bomerang
dhumateng menungsa piyambak.
Wontenipun
kabudayan menika anggdhahi pinten-pinten wujud. Koentjaraningrat (2009: 150)
mratelakaken bilih kabudayan menika paling boten anggadhahi tigang wujud :
1.
Wujud ideal yang sifatnya abstrak, tidak
dapat diraba atau difoto, lokasinya dalam alam pikiran manusia/ berada dalam
otak manusia.
2.
Sistem sosila terdiri atas aktifitas
manusia yang berinteraksi satu dengan yang lainnya yang selalu menurut
pola-pola tertentu berdasarkan adat tata kelakuan. Sistem sosial ini terjadi di
sekeliling kita sehari-hari, dapat diobservasi difoto dan didokumentasikan.
3.
Kebudayaan fisik seluruh hasil total
dari hasil fisik dan aktifitas, perbuatan dan karya manusia dalam bebrayan
ageng maka sifatnya paling konkret. Berupa tanda-tanda atau hal-hal yang dapat
diraba, dilihat dan difoto.
B. Wayang
Wayang
salah satunggaling kabudayan asli Indonesia sampun wonten saking jaman rumiyin.
Piwulang luhur sarta wosing cariyos saged dipungambaraken saking pementasan
ingkang dipunlampahi. Kabudayan wayang piyambak wonten ing Indonesia
sasampunipun agami Hindu mlebet. Wonten relasi
budaya saking tiyang Bangsa India ingkang mbekta kabudayan menika, saengga
kabudayan wayang saged rembaka mliginipun wonten ing tlatah Jawa. Wayang menika
dados saran ingkang efektif kngge myaraken agami Hindu wonten ing Indonesia. Cariyosipun
kathah ingkang ngginakaken cariyos Mahabarata saha Ramayana.
Wayang
wonten pinten-pinten jinisipun. Jinis ingkag populer sanget inggih menika
wayang kulit kaliyan wayang golek. Wonten ing Jawa wayang kulit langkung kathah
ing Jawa Tengah saha Jawa Timur. Wonten ing Jawa Barat ingkang kthah inggih
menika wayang golek. Wontening pinten-pinten jenis wayang menika dadosaken
Indonesia sugih babagan kabudayan mliginipun inggih menika wayang.
Wonten
ing panaliten menika langkung condong
wonten ing pirembagan ingkang gegayutanipun kaliyan wayang kulit.
C. Wayang
Kampung Sebelah
Wayang
ingkang kawentar wonten ing masarakat inggih menika seni pertunjukan ingkang
serius. Kabudayan masarakat ingkang kathah boten mangertos wosing cariyosipun. Amargi
gaya, basa saha cariyosipun wayang menika taksih kaliyan gaya wonten ing jaman
rumiyin. Mila saking menika kathah masarakat ingkang boten peduli kaliyan
wayang kulit ingkang sejatosipun ngemu kathah piwulang agung ingkang saged
dipunudi wonten ing padintenan.
Wontenipun
gejala sosial kados mekaten, sakelompok seniman Solo nyiptakaken genre wayang enggal ingkang naminipun
“Wayang Kampung Sebelah”. Genre menika saged dado genre ingkang dipuntampi dening masarakat kathah, mliginipun Jawa
Tengah. Wonten ing “Wayang Kampung Sebelah” cariyos ingkang dpunbekta sante
saha kathah humoripun. Cariyos ingkang dipunusung trep kaliyan kahanan
masarakat wonten ing sosial. Ananging cariyos menika boten medal saking
piwulang luhur ingkang saged kapendhet dados tuladha wonten ing pagesangan, bab
Gusti, lan sanesipun. Mila saking menika paguyuban “Wayang Kampung Sebelah”
anggadhahi tetembungan “mengungkap hal
serius tidak dengan cara yang serius”. Adhedhasar tembung menika saben
pementasan ingkang dipunlampahi dening paguyuban menika dipuntami dening
masarakat kathah.
Cariyos
ingkang dipunusung kadosta “Pangeran
Sambernyawa, Mawas Diri Menakar Keberanian Menuju Perubahan”, “Jalan Buntu”,
“Mawas Diri Menakar Berani”, lan sanesipun. Cariyos menika taksih wonten
gegayutanipun kaliyan piwulang luhur wonten ing salebeting pagesangan
masarakat. Babagan paraganipun ugi unik,
paraganipun menika boten kadosta Werkudara, Janaka, utawi Kresna. Paraga
ingkang wonten ing “Wayang Kampung Sebelah” ingih menika paraga ingkang wonten
ing padintenan, kadosta Kampret, Karyo, Lurah Somad utawi Hansip Sodrun.
Langkung-langkung wonten wayang ingkgn paraganipun Roma Irama sarta Inul
Daratista. Inovasi saha terobosan menika dadosaken masarakat betah anggenipun
ningali saha menggalih wayang, boten nglalekakem piwulang luhur saking wayang
ingkang anggadhahi semboyan bilih wayang menika tatanan, tontonan saha tuntunan.
BAB III
CARA PANALITEN
A.
Jinising Panaliten
Wonten
ing panaliten menika ngrembag babagan kabudayan medern ingkang sampun nyawiji
wonten ing masarakat Jawa mliginipun. Panaliten menika ngginakaken jinising
panaliten kualitatif . miturut Bodgan saha Taylor wonten ing Mokeng ( 2009: 3),
panaliten kulaitatif inggih menika cara panaliten ingkng ngasilaken data
deskriptif arpi tembung ingkang kaserat utawi kaucp dening manungsa, saha solah
bawa ingkang saged dipuntingali. Dados, panaliten menika kalampahan langsung
terjun wonten ing lapangan lan ngasilaken data deskriptif.
Kanthi
panaliten kualitataif panyerat saged mangertos kanthi temen lan kadospundi
sejatosipun kahanan ingkang gegayutan kaliyan kabudayan ingkang dipunteliti. Menawi
data menika kirang kaliyan menapa ingkang dipunbetahaken wonten ing panaliten,
panyerat kedah pados data supados menapa ingkang dados aosing anslisis saged
dipunjangkepi.
B. Data
saha Sumber Data
Data
wonten panaliten menika kapundhut saking pinten-pinten sumber. Sumber ingkang wonten
antawisipun inggih menika informan saha data ingkang kapundhut saking
pinten-pinten papan kadosta buku lan saha internet.
Informan
ingkang dipundadosaken sumbering panaliten inggih menika sampun dipuntemtokaken
rumiyin. Wonten ing panaliten menika informan kedah mengertos pinten-pinten
babagan ingkang saged dipundadosaken data wonten ing panaliten. Sumbering data inggih
menika informan pengaruh sanget kaliyan asiling pirembagan wonten ing panlaiten
menika. Amargi informan menika ingkang sejatosipun mangertos kahanan wonten ing
lapangan langsung. Panyerat kedah mendhet data ingkang lengkap saking informan
sampun ngantos wonten babagan ingkang dipunlewataken.
Sumbering
data sanesipun inggih menika saking media, antawisipun kadosta buku saha
internet. Buku menika saged dipunanalisis saking wosing ingkang gegayutan
kaliyan panaliten menika iggih menika ngrembag “Wayang Kampung Sebelah”. Buku
menika salah satunggaling sumber ingkang ajeg lan tetep datanipun menawi
dipuntingali wekadal kapan mawon. Panyerat kedah mangertos buku ingkang trep
kaliyan pirembagan panaliten, supados data ingkang kapundhut boten melenceng saking ancasing panaliten.
Sumber
sanesipun inggih menika internet. Internet menika salah setunggaling sumber
ingkang gampil dipuntemokaken kangge mados data wonten ing panaliten. Ananging
wujudipun data wonten ingkang boten trep kaliyan ancas menawi data ingkang
dipunpados wonten ing intrenet boten jangkep. Kanthi jejaring sosial menika
panyerat saged mados data ingkang wiyar saking pinten-pinten point ingkang
dipunbetahaken. Boten kawates pados data, data ingkang dipunprelukaken saged
dipunpendhet saking internet knthi alamat ingkang sah.
C. Cara
Ngempalaken Data
Ngempalaken
data inggih wonten ing panaliten menika saking pinten-pinten cara ingkang saged
kalapmpahan. Caranipun inggih menika:
a. Nemtokaken
informan
Kados
menapa ingkang dipunandharaken wonten ing nginggil, informan wigati sanget
wonten ing pirembagan panaliten menika. Informan ingkang kapundhut kedah
mengertosi pinten-pinten babagan ingkang gayut kaliyan panaliten “Wayang Kampung
Sebelah”. Saking pinten-pinten aspek kedah dipuntemtokakaen supados informan
menika temen anggenipun pating data. Sejatosipun nemtokakaen informan menika
kedah cermat, amargi informan menika nemtokaken ugi saking asiling data saha
informan sanes menawi wonten informan ingkang dipunpendhet salajengipun. Pinten-pinten
data saking informan kedah dipunsaring kanthi analisis data ingkang mateng,
sipados boten medal saking wosing pirembagan.
b. Pengamatan
Cara
ngempalaken data sanesipun inggih menika ngamati. Ngamati wonten ing panaliten
menika boten namung ningali anaging mahami sarta menggalih saha dipunpikir
kadospundi amrih saenipun. Pengamatan menika saged langsung saha saged boten
langsung. Langsung inggih menika ningali langsung kadospundi kahanan saha
pagelaran ingkang dipunlampahi dening “Wayang Kampung Sebelah”. Pengamatan
kanthi langsung menika kedah dipunmaksimalaken amargi limrahipun pengamatan
langsung kadosta ningali pagelaran jarang dipuntemoni wonten padintenan. mila
saking menika data ingkng wonten kedah jangkep saha sampurna.
Pengamatan
kanthi boten langsung kadosta ningali wonten ing objek ingkang dipunteliti
wonten ing video rekaman, internet, lan sanesipun. Pengamatan boten langsung
saged dipunlampahi kapan mawon, manut kabetahan panyerat anggenipun pados data
supados data menika langkung mantep saha cetha.
c. Wawancara
Wawancara
menika kedah wonten informan ingkang sampun siap angenipun dipunpenhdet data
saking panyerat. Panaliten menika kanthi
emik, ingih menika mangertosi kabudayan kanthi natural, boten dipundamel
supados kabudayan menika trep kaliyan menapa ingkang dipunajengaken. Dados
saged dipunsebat panaliten wonten ing piremabagan kabudayan menika kanthi “apa adanya”. Mila saking menika cara
ngempalaken data kanthi wawancara dipunajengaken saged paring data ingkang asli
saha natural supados ancasing panaliten menika saged maksimal. Wawancara menika
kedah cermat, boten pareng wonten data ingkang kelewat saking pinten-pinten
point pirembagan.
D. Pirantining
Panaliten
Wonten
panaliten menika panyerat ugi mbetahaken piranti supados panaliten menika
lancar saha saged total. Piranti-piranti menika dipunbetahaken sanget wekdal
panyerat mendhet data saking sumbering data. Piranti-piranti menika
antawisipun:
· Buku
catetan, inggih menika kangge nyerat sedaya informasi ingkang kapendhet saking
informan utawi sumber sanes
· Internet,
dipunginakaken kangge pados data menawi data menika kirang jangkep saking
sumber ingkang wonten
· Buku
sumber, kangge bahan rujukan utawi adhedhasar panyerat nliti kabudayan ingkang
dipunrembag
· Recorder,
inggih menika piranti kangge ngrekam babagan ingkang dipunbetahaken mliginipun
swara. Inggih menika kadosta kangge ngrekam informan wekdal dipunwawancar.
· Video,
kangge ningali langsung kadospundi adegan utawi pagelaran saking objek
panaliten inggih menika “Wayang Kampung Sebelah”.
E.
Cara Nganalisis Data
Data
wonten panaliten menika ngginakaken panaliten kualitataif. Kanthi kulaitataif
menika analisis ingkang katindakaken saged ngginakakn deskriptif etnografik. Analisis
deskriptif etnografik inggih menika analisis ingkang ngandharaken subjek
panaliten, tindak tandukipun sarta cara matur ingkang wonten ing subjek
panaliten. Saking analisis menika ngandharaken bilih panaliten menika
mbetahaken data ingkang natural saha asli boten wonten ewah-ewahan saking
wujudipun budaya, ingkang salajengipun dipunlaporaken asli ingkang asli. Analisis
menika kedah trep kaliyan jinising panaliten ingkang kalampahan. Kanthi trep
saking jinis saha cara analisisipun, panaliten ingkang kalampahan saged mlampah
kanthi maksimal saha ngasilaken data ingkang prayogi.
F. Cara
Ngesahaken Data
Caranipun
ngesahaken data wonten ing panaliten menika inggih menika ngginakaken teknik
triangulasi. Teknik triangulasi inggih menika pemeriksaan data ngagem sedaya
perkawis ingkang asalipun saking sanjawining data, saperlu kangge ndnhingaken
saha njumbuhaken kaliyan data ingkang sampun dipunkempalaken. Teknik
triangulasi wonten kalih jinisipun, inggih menika:
· Triangulasi
metode : nandhingaken data wawancara kaliyan asiling panaliten
· Triangulasi
sumber : nandhingaken informan setunggal kaliyan informan sanes.
Kanthi
cara triangulasi menika dipunajengaken data ingkang wonten saged langkung leres
saha valid manut kaliyan sumber ingkang wonten.
DAFTAR PUSTAKA
Endraswara,
Suwardi. 2003. “Metodologi Penelitian Kebudayaan”. Yogyakarta: GADJAH
MADA UNVERSITY PRES
http://wayangkampung.blogspot.com/
Afwaz Muhamad Afif (11205244040)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar