"Gunung
Srandil" Kabupaten Cilacap
Gunung
Srandil inggih menika salah satunggaling wisata ngkang mapan wonten ing
Kabupaten Cilacap, mliginipun mapan wonten ing Desa Glempang Pasir, kecamatan
Adipala. Sampun dangu Gunung Srandil dados salah satunggaling papan wisata
ingkang asring katah dipuntuju dening para wisatawan domestik menapa manca
kangge mirsani endahing Gunung Srandil. Sanesipun Gunung Srandil ingkang dados
endahing wisata, ugi wonten laut wonten ing sisih kidul Gunung Srandil, mila
saking menika laut menika dipunwstani laut Srandil. Wontenipun gunung kaliyan laut ingkang caket
wonten ing setunggal wilayah ndadoosaken papan wisata menika mirunggan.